๐Ÿ“˜ Tugas Basa Jawa
Tugas Rumah
Mata Pelajaran : Basa Jawa
Kelas : VI
Materi : Globalisasi
๐Ÿ“ Pituduh
Wacanen teks ing ngisor iki kanthi tliti. Jawab pitakonan kanthi nggunakake basa Jawa lan ditulis ing buku tugasmu.

Globalisasi

Saiki jamane wis maju. Samubarang gawe wis nggunakake piranti sing sarwa modheren. Kabeh ngarani iki jaman globalisasi.

Yen jaman biyen, kenthongan digunakake kanggo tandha anane bebaya, upamane titir terus-terusan tandhane ana banjir gedhe. Mula para warga kudu enggal metu saka omah lan ngungsi golek papan sing aman.

Saiki kenthongan mau wis diganti nganggo piranti canggih kaya dene sirine sing otomatis bakal muni menawa ana banjir utawa tsunami. Semono uga menawa ana gunung mbledhos, angin gedhe, lan liya-liyane.

Nalika ana dulur adoh sing arep kirim kabar, ora kudu ngenteni surat sing tekane bisa pirang-pirang dina. Cukup nganggo telepon utawa handphone, sakala kabar mau wis bisa teka marang wong sing dituju.

Perusahaan sing duwe cabang ing ngendi-endi, upamane nganti ana manca negara, bisa nganakake rapat bebarengan tanpa kudu padha lungguh sapajagong. Saiki patemone wong sing beda panggonan bisa kaleksanan kanthi sarana teknologi canggih.

Patemon kuwi diarani teleconference. Ana kang nggunakake audio conference lan video conference. Yen audio conference mung nggunakake swara, nanging video conference, saliyane krungu swarane uga bisa ndeleng gambare wong sing lagi padha melu rapat.

Saiki ana pasar modheren sing nggunakake majune teknologi. Upamane dodolan sarana online. Olehe nawakake barang cukup nganggo internet. Kabeh dadi sarwa gampang, cepet, lan kepara malah bisa luwih murah regane.

Banjur, apa satemene globalisasi iku? Globalisasi asal saka tembung โ€œglobeโ€ utawa โ€œbola donyaโ€ banjur dadi global sing tegese mendunia. Salah sijine ahli, Kenichi Ohmae, nerangake yen globalisasi iku ndadekake donya kaya tanpa wates amarga majune ilmu pengetahuan lan teknologi informasi.

Globalisasi gedhe banget pangaribawane tumrap sawijining negara. Ana dhampak positif lan uga ana dhampak negatif.

โ“ Pitakonan

Wangsulana pitakon ing ngisor iki adhedhasar wacan ing ngarep!

  1. Apa tegese globalisasi? Coba jlentrehnna!
  2. Apa sing nyebabake pawarta saindenging jagad raya iki cepet banget sumebare?
  3. Apa pengaruhe globalisasi tumrap seni lan budaya bangsa?
  4. Sapa sing kudu nglestarekake lan ngrembakakake kabudayan Indonesia?
  5. Apa sing kudu ditindakake supaya bangsa Indonesia ora kelangan jati dhirine?